28. Jeng Nabi gya manesep bun
trustheng tyas marwata siwi
miwah sagung para garwa
miyarsa enggaring galih
ya ta sampun luluwaran
sang dyah gya kondur mring puri.
29. Enjing malih kang winuwus
kusuma Sang Prabu Dewi
pinarak ing jumantara
pitung yuta pra ratu jim
miwah prajurit wanodya
jejel ing ngarsa narpati.
30. Menggep aneng tarub agung
Prabu Dewi Kuraisin
lenggah ing malige retna
ingkang paman mengging ngarsi
miwah Asal Asil patya
sakanca para narpati.
31. Pasanggrahane Sang Prabu
apelag pupujan sami
yayah kasuwargan endah
saking saktine Sang Dewi
tatarubing pasewakan
bayiyar ingkang kinardi.
32. Pinalisir mliyo dadu
sinelanan sutra wills
sinungsun taluki jenar
samya binludir her rukmi
kinembang mutyara mirah
sumyur citraning retna di.
33. Sasaka kancana murub
sinawuran manik warih
murub jwalaning busana
103