Menyang kontèn

Kaca:Menak Lakat II.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

34.
Myang gumuruh tengara asasauran
lir udan sinemeni
sumrek kang gurnita
anjrak braja prekatha
lir sagara agni ngalih
atumpa-tumpa
sanjata biting muni.

35.
Raja Jenggi eca denira sukan
lawan Lakat Narpati
myang Patih Bardanas
pri tuwin raja-raja
kang samya bantu ing jurit
asewa gara
kalangenan angenting.

36.
Kawarnaa ingkang sami mangkat yuda
tempur Islam lan kapir
wus samya atata
aneng kiduling arga
wong Islam anggolong pipit
kapir belabar
tandangira lir iblis.

37.
Kuneng mengsah kadya buta munah jambal
sigra cucuking jurit
rame long-linongan
breg-binreg kathah pejah
sinungsun-nungsun mawanti
sanjata sarat
singa kapapag gusis.

38.
Suprandene tan ana kang ngeman pejah
ing wuri jejel wani
arempak-rinempak
ucik-ingucik panggah
tan ana nedya gumingsir
samya sudira