Kaca iki wis dikorèksi
senjata geng munya
pracihna mangkat yuda
gumludhug lir glap sakethi
wus sinauran
dening sanjata kapir.
30.
Sigra budhal bala kuswa ing Madinah
kadya sela blekithi
wardu hangga sasra
mawukir guntur agra
anjrak kumalaning rawi
migung swandana
lir pendah kilat thathit.
31.
Rindhik-rindhik gunastra maguna raras
tunggul kekandha asri
lalayu bandera
sanghyang lekaweng teja
ebek sing mandrawa keksi
untabing wadya
lir jalanidhi ngalih.
32.
Enengena Wong mukmin ganti kocapa
wau sang Raja Jenggi
wus amatah-matah
kang badhe banjel yuda
sapalih prajurit kapir
medal ing rana
sapalih rumeksa Ji.
33.
Tindhihira pelagan Patih Suteja
lawan Sri Jaburmali
Kasralkudus ingkang
dadya ugering aprang
gunging kapir gigirisi
kagila-gila
swara lir guntur ardi.