Kaca iki wis divalidasi
-
lan amba wus tuwuk mukti
-
Kangjeng Nabi ngandika maring kang paman
lah Paman lamun kenging
sampun ngantos tiwas
kapir esmu den kalah
klampahana masrik magrib
radin sadaya
lampah agami suci.
-
Bagendha Mir matur ing Nabi Mustapa
paduka milih pundi
satunggal lan kathah
papan rupak lan jembar
ngandika Jeng Nabi Murti
ngong plaur kathah
lawan ingkang satunggil.
-
Rupak jembar ngong pilahur ingkang jembar
umatur Bagendha Mir
punapa kang mulya
dasih sagunging wadya
remen nalar kang nrancahi
padhanging jagad
lawan prakawis jurit.
-
Lah punapa tamtu kalawan sandeya
mangsuli Kangjeng Nabi
inggih tamtu aprang
malih matur Jeng Ambyah
punapa gusti den anti
suwawi mangkat
sigra tengara jrit.
-
Mung gumuruh swarane wadya sumahab
wor pangrik turanggesthi
wonten ing donya
sih nugrahaning Widhi.
21