Menyang kontèn

Kaca:Menak Lakat II.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

rangkepa sakethi sisih
sarambut pinara sasra
amba tan duwe kuwatir
Bardanas amangsuli
yayi prabu sewu sukur
yen saged sirna Ambyah
entheng boboting ngajurit
tiyang Isiam pasthine dhadhal kewala.

9.
Mangsuli jeng Sri Narendra
sampun susah kakang patih
menggah risake tyang Islam
wus kagegem asta mami
lan pesthekena malih
pejahe pun Jayengsatru
yen datan kalampahan
apagas sun kahur mati
langkung latah gumujeng raja Bardanas.

10.
Gya matur mring prabu Lakat
yen marengi paduka ji
rayinta prabu ing Ngabsah
dimen makuwon samangkin
amba ingkang ngladosi
ya ta rinojongan sampun
saksana luluwaran
Bardanas lan Raja Jenggi
kalihira kacundhukan ing sakarsa.