dangu sisiringan
nander Bagendha Ambyah
Bardiyar dipun camethi
gya tinadhahan
paris remuk dadya tri.
30.
Gya ginada Sang Amir nulya malumpat
kudanira gulinting
nanging datan pejah
Amir sigra narajang
katulak ing gada wesi
Amir ingancap
nulya surak wong kapir.
31.
Sinarengan ing gada Ambyah katulak
wong kapir surak malih
Jeng Amir sru kewran
nenggih dennyarsa petak
sabab carub ingkang jurit
kapir lan Islam
watir kasrawo malih.
32.
Para nata saya kathah ingkang prapta
Kusturbardiyar aji
tansah asusumbar
lah payo Amir Ambyah
kuwalahen mungsuh mami
angur nututa
nora ingsun pateni.
33.
Malah ingsun gaweya kang hulu balang
masthi yen sira mukti
jeng wong kudu kompra
ngawula raja nistha
kangelan tur sothal-sathil
mangsa wignyaa
ngirigoni anak rabi.