Kaca iki wis dikorèksi
saecane den lampahi.
53.
Dene pabenan wong aprang
sayektine sae kang ngati-ati
Bagendha Ambyah amuwus
rembag wau punika
sasaene lampahan angkreksa wadu
ewa samanten yen dhasar
dados karsane Jeng Nabi.
54.
Amba kinen narajanga
sapunika inggih kula lampahi
pan sanadyan tengah dalu
yekti amba narajang
dhateng kapir sarambut amba tan takut
lamun ingsun tan kuwasa
angaben kawula alit.
55.
Jeng Nabiyullah ngandika
iya becik nganti rong dina malih
dasih sayah sedheng tuntum
nanging saosa gaman
bedhil beteng pegat anadhahi mungsuh
wus dadya kang punang rembag
cakut tandange wong Mukmin.