Menyang kontèn

Kaca:Menak Kuwari.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

12.
Lawan inggih kang sapangat
rakanta Jeng Gusti Amir
inggih awarnia sasra
pun Raja Kemar Kuwari
kawula datan miris
amijilna saking tutuk
danawa sewu leksa
pun Kemar amba tan miris
Retna Dewi Banawati nambung sabda.

13.
Yayi aja sira lancang
karsane rakanireki
Pangeran ing Parangteja
lamun sira denbantoni
aja wangkot sireki
Samsir mbekuh dhuh mbok ayu
lamun raka paduka
inggih nunten ambantoni
tiwas temen kawula dinamel raja.

14.
Amung menggah Raja Kemar
kadi ta boten udani
salunture kina-kina
bobote nagri Kuwari
duk apa amapaki
lan raka Paduka Prabu
kala kang mbok paduka
rumiyin dipunraosi
amisesa sedyane pun Raja Kemar.

15.
Lajeng denantepi nantang
ing raka Sri Banakamsi
parandene nuli mendha
ing karsane tan dumugi
mangke arsa ngayoni
kininten tan wonten kantun
trahing Kandhabuwana


21