Kaca iki wis dikorèksi
nitih dipangga sang prabu
ginarebeg ing punggawa.
34.
Lah iki sapa kang prapti
sumaur Ki Patih Bestak
nenggih ratu Minangkabo
nama Prabu Giwangkara
kuwat ratu punika
ratu balane Lamdahur
wonten malih katingalan.
35.
Satunggul tabuhan asri
lah sapa ika kang prapta
Patih Bestak matur alon
punika Raja Srikandar
prajane ing Sulebar
wonten malih kang kadulu
kang tunggul tabuhan wuntat.