Menyang kontèn

Kaca:Menak Kuristam.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

29.
Raden Human miyat balane keh rusak
nulya ngabani baris
ingkang seseliran
prajurit bareng mangsah
prajurit sakawan sami
sangsaya sura
lir buta mangsa daging.

30.
Ingudanan sanjata sangsaya nengah
Rahaden Maryunani
myang ratu titiga
wuru pangamukira
ting palencur kang jemparing
wadya Kuristam
giris dennya ningali.

31.
Raden Human lumajar sabalanira
sakarine kang mati
tan dangu aprapta
munggeng ngarsane rama
kang rama lagya siniwi
lan Sri Nusirwan
kalawan Ratu Jobin.

32.
Bahman angling, heh Human apa wis kalah
mungsuh Ngarab kang prapti
matur ingkang putra
wau duk lagi prapta
kandheg kula ken ngglundhungi
sela sanjata
nunten wonten ngunggahi.

33.
Mung sakawan datan kenging dening sela
tan kendhat dening bedhil
prapteng luhur samya
ngamuk lir saradula
wadyamba kathah ngemasi