4.
Satuture iya nora sisip
lagi tuman mengko wong kawula
nora basa ing gustine
lah marenea gupuh
heh budhake juragan aglis
iki ta gustinira
kang tuku awakmu
angling Palupanempolan:
Heh sang Ratu manawa sira ta ugi
dadi budhak juragan.
5.
Umarmaya sigra turira ris:
dipun ageng palamarta tuan
inggih punika wateke
tan mawi unggah-ungguh
apocapan lawan narpati
inggih tan rna wi basa
myang satriya agung
boten tan ngangge upama
ngandika sru sri naranata ing Demis:
Heh budhake juragan
6.
Apa nyata sira anyumbari
marang ingsun sanggup anarika
nggoning sun gagladhen kiye
sanggup njengkangken ingsun
Palupanempolan nauri:
mara sun neng rimbagan
tariken den gupuh
yen rubuh sun patenana
Raja Humum mudhun sing rimbagan aglis
lah mara ancikana
7.
Sigra angancik sang Jayengmurti
ing rimbagan nulya sukunira
kang kiwa ponulet rante
sigra sang Raja Humum
8