I.
WONG AGUNG CINIDRA WONTEN PAPRANGAN NGAN-
TOS NANDHANG TATU
DHANDHANGGULA
1.
Wong patang atus narik tan osik
yen anaa tutur mring sang nata
mara sun tarike dhewe
lamun si nora rubuh
gawok temen ingsun ningali
kalangkunga degsura
punika pukulun
lamine kawula tumbas
pan sakecap ulun dereng den basani
malah kula kang basa.
2.
Mila wontena pitulung aji
maripiha inggih mulangana
kramaa ing juragane
dimene dipun enut
wulang saking paduka aji
manthuk-manthuk ngandika
sira Raja Humum
lah iya sira undanga
kawulamu mengko sun predine ugi
dimen mari degsura.
3.
Tasikwaja sira ngundanga glis
heh ta Palupanempolan sira
marenea dipun age
andikane sang prabu
Palumanempolan nauri
apa ta karyaningwang
sira celuk-celuk
Jayengmurti sarwi mara
Raja Humum gumuyu dennya ningali
abener si juraganI