Menyang kontèn

Kaca:Menak Kaos.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

30. Dadya mundur Wong Agung ing Tambakretna
saha bala umiring
miwah bala Kebar
garebeg kang dipangga
wong Demis kang tengga kori
ngelokken samya
yen wong Menak ngemasi.

31. Dadya gumyah wadya kang aneng jro kitha
maksih mor ramen jurit
kang ler kitha mulat
miwah sakidul kitha
kang kilen bala lumirig
samya anarka
yen medal Jayengmurti.

32. mBodhol baris anut ngilen samya
bala Yunan udani
lawan ing Rum wadya
kang baris kidul samya
mulat kang kilen lumirig
bodhol barisnya
lumirig ngilen aglis.

33. Bala ingkang maksih prang jro kitha
prajurit ing Serandil
myarsa loking mengsah
Jayengmurti palastra
ambekis rajeng Serandil
Ki umarmaya
maksih akontrang-kantring.

34. Kaparanggul lawan Lamdahur tatanya:
wong Menak aneng ngendi
Lambahur lingira:
ingsun durung kapanggya
gumer kulon bala Demis

14