Menyang kontèn

Kaca:Menak Kaos.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

saking wurining Amir
nulya kinembulan
Marmaya kinen pisah
dangu sangsaya atebih
sampun kapisah
sigra sang nateng Demis,

26. Tedhak saking turangga angliga pedhang
angrundhuk saking wuri
amedhang mustaka
kena nginggil talingan
pedhang manjing patang nyari
kagyat wong Menak
mulat maring ing wuri.

27. Raja Humum sigra denira lumajar
amomor ing wadya lit
arsa binujunga
sang raja Demis ngilang
kanine karaos sakit
ngilen saksana
sedya mrepeki kori

28. Tutup kori dipun pak pan sampun rebah
medal sang Jayengmurti
njujug barisira
Wong Agung Parangteja
lawan Prabu Yusupadi
Wong Menak niba
ing lalaren gumuling.

29. Kagyat mulat kang para ratu satriya
sigra rinebat aglis
samya angrarompa
inginggahken palana
tan kewaran sagung prajurit
arsa puliha
sanget watiring gusti.

13