29. Wong Agung ngandika aris
lah aja kakehan polah
nuli leksanana age
Raja Bardiyan sru ngucap
lah iya prayitna
sarwi ngundha gadanipun
alok senggak asru gada.
30. Katadhahan ing panangkis
tan osik ing astanira
Wong Agung Jayengpalugon
winales parisanira
nanging datan ginada
sinogok saking ing ngayun
pinadal Bardiyan kontal.
31. Wus tiba saking ing esthi
gajahe nulya ginada
maledug sumyur pan awor
lan lemah Raja Bardiyan
tangi arsa anggada
wus rinebut gadanipun
Wong Agung alon ngandika.
32. Kudhunga parismu wesi
Bardiyan sira sun gada
lawan gadanira dhewe.
sigra kudhung bandabaya
sira Raja Bardiyan
Wong Agung sigra amupuh
ingantep panggadanira.
33. Sumyur parisanireki
anempuh sirah Bardiyan
ajur lan parise awor
pejahe Raja Bardiyan
surak bala ing Ngarab
rajeng Dinawar andulu
lawan sang Raja Parisdan.
97