24. Sira durung oleh tandhing
ratu kang padha gegala
ingkang kaya jenengingong
payo sira lekasana
apa kang aneng sira
sun cicipane gadamu
ingsun arsa ngrasanana.
25. Ngandika Sang Jayengmurti
heh Bardiyan wruhanira
iya dudu caraningong
ing prang andhingini gada
balik sira dhingina
yen uwis ganep ping telu
ingsun males marang sira.
26. Gumuyu nateng Kudari
yen uwis sun gitik sira
dadi ngong tan wruh rasane
marang ing panggadanira
sira mangsa mindhoa
katiban pepukulingsun
pasthi rata lawan lemah.
27. Wong Agung Menak nauri
lah mara sira gadaa
kudu mengko mati awor
lan lemah wus takdiring Hyang
aywa ta walangdriya
Bardyan latah sumaur
kudu amekasi sira.
28. Basa gadaningsun iki
bobote sewu kati mas
sira endhek cilik maneh
lan tungganganira kuda
pasthi anggandra pira
ingsun agung tur aluhur
lan tungganganingsun gajah.
96