19. Kang tinitah ing Hyang Widhi
anggempur danawa ditya
buta ing Jabalkab kabeh
tumpes wil diyu raksasa
kang wus sinebut lanang
payo endi para ratu
peksa sudira wasesa.
20. Bahman tumungkul prihatin
umangsah Raja Bardiyan
nitih dipangga binarong
kinerakab sapengandhap
kadya bajo lar merak
lir gajah ijo dinulu
sapraptane rananggana.
21. Salukun sikeping jurit
pan sampun ayun-ayunan
sang Jayengmurti tanya lon
sapa aranmu narendra
lan ngendi kuthanira
Sri naranata sumaur
ya ingsun Raja Bardiyan.
22. Kuthaningsun ing Kudari
ratu lelananging jagad
dening praptaningsun kene
iya ambabarang aprang
sira kang ingsun śedya
dumeh apa ta sireku
ngasoraken para raja.
23. Baya kemat sira iki
dene ta nora gedheya
boyong ratu gedhe-gedhe
tur padha ratu prakosa
kabanda dening sira
nanging padha ratu cubluk
dene kena sira banda.
95