Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/96

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

14. Marmaya latah dennya ngling
iya ta nora kayaa
cangkem kudu kacelenthot
sangsaya sru gujengira
sagunging para nata
dene kena den balilu
pangrasane tetemenan.

15. Pan lajeng kasukan sami
nutug denira bojana
ing pukul kalih bubare
Wong Agung kondur ngadhatyan
methuk Retna Muninggar
lan Sekar Kadhaton methuk
tunduk samya ngraup pada.

16. Dhatengaken oneng sami
ya ta kawarnaa enjang
muni tengara kendhang gong
gumuruh kang bala kuswa
miwah kang para raja
ngirabaken barisipun
wus aglar ing pabarisan.

17. Miwah mungsuh wus miranti
barise tepung kalangan
Wong Agung Jayeng Palugon
wus nitih Sekarduwijan
mangsah ing rananggana
sesumbar anguwuh musuh
payo ingsun papagena.

18. Wruhanira ingsun Amir
turase dipati Mekah
Suraya Jayeng Palugon
lesing jagad pramudita
kasuk kaonang-onang
sinembah ing para ratu
sewu kang ratu wadana.

94