Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

9. Apan sampun pinisalin
lajeng tumut akasukan
nanging pinaringan bobok
saking kebeke tyasira
kedah tumut kasukan
Umarmaya mundhuk-mundhuk
marang gene Raja Sarkab.

10. Wong Agung mesem tanya ris
Pothet apa karyanira
arep sira kapakake
tambane si Raja Sarkab
Marmaya aturira
inggih amba darbe kaul
yen Sarkab wus dados rencang.

11. Kaul kawula ing wingi
sadaya kaseksenana
kawula pendhet badhonge
gumyak sagung para raja
wuh iku lamun akal
Raja Sarkab amituhu
lah enya Ki Umarmaya.

12. Ingsun ingkang angluwari
ing sakehe kaulira
iya badhongingsun kiye
apan ajine sayuta
intene karo belah
jumerute pitulikur
mirah nilane sawidak.

13. Raja Sarkab angling malih
yen sira aja kaula
pasthi ingsun datan aweh
angur anjaluka reyal
patang kethi sun lila
dene wajibe wong kaul
wenang uga ngluwarana.

93