Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

II.Raja Bardiyan pejah dening Wong Agung

Asmaradana

1. Wus prapta ing pancaniti
Wong Agung lajeng bojana
lawan sagung para katong
suluh lilin amberanang
sawentis-wentis gengnya
mayeng ingkang para ratu
gelas mas taritis retna.

2. Jumerut nila widuri
lumrang tetirahing gelas
gumer ingkang para katong
miyat bandan Raja Sarkab
binekta mring ngayunan
Wong Agung ngandika arum
heh Sarkab paran karsanta.

3. Apa sira kudu mati
yen sira amilih gesang
anuta agamaningong
umatur sang Raja Sarkab
Wong Menak pan kawula
salamanira tumuwuh
inggih wonten ngalam donya.

4. Destun amrih angulati
dhateng kang lanang sampurna

91