Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

prandene tan osik
suku waket dekung.

38. Netrane kalih marebel getih
ilate metoto
lir sawangan talingan kalihe
satrepene pedhot rontang-ranting
bajo ngajeng sebit
kancinge sumawur.

39. Meksa ngungkih-ungkih datan kongkih
tan kengser saking nggon
malah saya ngrapeti padane
tan kawawa inguculken nuli
gumoh mutah cacing
Sarkab kempus-kempus.

40. Wus cinandhak mring Sang Jayengmurti
wangkingan sang katong
dyang ingangkat kadya lar pamane
lan ingundha-undha kadi paksi
wus dangu binanting
Sarkab anglempuruk.

41. Sigra Dipati Tasikwaja glis
ambanda sang katong
bau suku rinangkus ing rante
surak wong Ngarab gumuruh atri
kasaput ing wengi
tinetegan mundur.

42. Bubar barise Islam lan Kapir
samya amakuwon
manjing kitha wadya Ngarab kabeh
ngiring marang Gusti Jayengmurti
wau bala Kapir
mundur asmarengkung.

90