Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

32. Wong Agung ngetap kuda mrepeki
sarwi asru mupoh
Raja Sarkab kuwat panangkise
sruning panggada kuda sru anjrit
gumeter sang Aji
Sarkab mutah banyu.

33. Kuwayanen rekasa nadhahi
Wong Agung amindho
nenggih saking pamukul rosane
kuwat betahken ingkang atangkis
kapadal palinggih
sangeting pamupuh.

34. Gigiring kuda tugel apalih
Sarkab gya mancolot
dharakalan anarik pedhange
mangsah medhang sikiling turanggi
Wong Agung nulya glis
denira tumurun.

35. Ngadeg munggeng ngarsaning turanggi
Sarkab pan kapengkok
pamedhange tinangkis parise
pedhangira tikel katelampik
krura Sarkab aglis
narajang anjunjung.

36. Ngandelaken kuwate ing nguni
akeh para katong
kang binanting neng rana patine
gupuh nyandhak wangkinganira Mir
ingangkat ingungkih
nanging tan kajunjung.

37. Wanti-wanti pangangkatireki
rah metu nang jempol
ingentekken Sarkab ing kuwate
malah sukune tumanem bumi

89