Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/90

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kang sira anteni
amrih aprang tutug.

27. Kaya nora kepalang sireki
amrih aprang tanggon
payo Sarkab anggadaa age
iya apa kang aneng.sireki
mene sun tadhahi
Raja Sarkab muwus.

28. Den prayitna sira anadhahi
ing pepukulingong
nora wurung mung sadina kiye
mulat soroting praptangga pati
angetap turanggi
ngundha gadhanipun.

29. Wong Agung wus prayitna ing tangkis
gada geng tumempoh
kadya gelap jumebret swarane
sruning pukul kuwate panangkis
parise metyagni
kantar-kantar murub.

30. Sekardiyu jinjang sukunya njrit
Raja Sarkab alon
eh ta maksih urip sira kiye
ingsun nyana wus rata lan bumi
Wong Agung nahuri
mindhonana mupuh.

31. Kaya kuwat yen rinaksa dening
ing Pangeraningong
wadya Ngarab gumuruh surake
miwah mungsuh lir ngontragna bumi
Raja Sarkab angling
amalesa mupuh.

88