Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

21. Lah ta mengko ingsun kang metoni
waniya rerempon
anggayoni raja Rab yudane
sigra denira nitih turanggi
kapraboning jurit
kawot ing kuda wus.

22. Molahaken turangga wus prapti
madyaning palugon
nguwuh-uwuh asru sesumbare
heh raja Rab wruhanta sireki
Raja Sarkab mami
ing Turkiyah wudhu.

23. Sajeng ingsun tinitah neng bumi
ing prang durung kasor
tuhu ratu jendhul tiba dhewe
pira-pira ratu kang prajurit
umangut nadhahi
katalen deningsun.

24. Ingsun nedya bebara ing jurit
anyilih pepangkon
sira kang sun sedya salawase
destun temen mung sira sun anti
mengko sira prapti
rasane tyasingsun.

25. Lir amanggih jumerut sawukir
tutug karsaningong
sigra Wong Agung mundhut kudane
wus tetela denira miyarsi
Wong Agung miyosi
munggeng kuda sampun.

26. Surak gumerah wadya Rab sami
anitir kendhang gong
yun-ayunan Wong Agung delinge
lah ta iki iya lagi prapti

87