kang rama nulya glis
wau tedhakipun.
16. Sayid Ibnu Ngumar gya wot sari
panyandhakira lon
wus ingampil kang eyang tembunge
kumarubut kang para narpati
mangsah ganti-ganti
pra samya rinangkul.
17. Wusnya paraji kang pradipati
myang satriya gupoh
pan sumusul ing pada kalihe
para satriya gantya nyekeli
turangganira Mir
alon unduripun
18. Ginarebeg ing para dipati
wong Agung wus lunggoh
ing wijoan tata prajurite
samya matur solahireng wuri
miwiti mekasi
salir tingkahipun.
19. Wadya kapir waspada ningali
ing Jayengpalugon
estu lamun puniku praptane
samya kekes amung kang para ji
kang anyar pra sami
tyas suka kalangkung.
20. Raja Bahman tumungkul prihatin
pamuwusira lon
heh sang Prabu Hirman amba mangke
tan kawawa miyat Jayengmurti
Raja Sarkab Turki
sugal wuwusipun.
86