10. Bokmanawa kangjeng rama prapti
ing sadina mengko
dadya kendel wadya Ngarab kabeh
miwah mengsah tan ana metoni
kuneng tan winarni
ing sasolahipun.
11. Rikalanira sampun memeling
Sang Jayengpalugon
marang caraka pun Sangidpingsen
mesat kudanya pun Sekarduwi
Marmaya tan kari
neng kuda am buntut.
12. Kalih wulan prapta kalih wengi
Sang Jayengpalugon
amarengi enjing ing praptane
nagri Kaos yun-ayunan jurit
tengara ngrarangin
kendhang gong angrantun.
13. Lebu maletuk julek kawingkis
lamat-lamat katon
kuda prapta samya matakapen
para ratu satriya bupati
sangsaya mrepeki
waspadeng pandulu.
14. Samya tedhak sagunging para ji
sami papalayon
ragan-ragan dennya enggar tyase
Kobat Sarehas Umaryunani
tundhuk angabekti
ngraup padeng suku.
15. Mustakanira kinempit-kempit
risang putra karo
samya nyikut marang kendhaline
putra kalih nyekel nganan ngering
{[r|85}}