Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

gumantyeng rama ji
sira Raden Kanjun.

5. Mangayu bagya Sri Narapati
Hirman Prabu Anom
wus anuduh marang punggawane
Raden Baktiyar ingkang tinuding
wadyeng Parangakik
sapratigan tumut.

6. Kuneng duta marang Parangakik
gantya winiraos
ing jro kitha kasukan arame
wadya Ngarab kang para narpati
bojana angenting
sawengi anutug.

7. Enjing lajeng miyosi ngajurit
tengara kendhang gong
wadya Ngarab wus metu barise
aglar munggeng ing papan miranti
wong kapir wus mijil
barisira tepung.

8. Wus satata sagung pra dipati
miwah para katong
mungsuh lan rowang umung swarane
angandika Sang Umaryunani
mring sagung prajurit
para ratu-ratu.

9. Den arereh ing sadina iki
aywa na kang miyos
ing paprangan ngantiya titahe
lamun ora tinantang metoni
padha meneng ugi
aywa wiwit metu.

84