Kaca iki wis divalidasi
I. RAJA SARKAB KAJODI DENING WONG AGUNG
- MIJIL
1. Yata wau Sang Narpati Jobin
kang aneng pakuwon
dalu marek ing pasanggrahane
Hirman Sri Bathara Nyakrawati
umatur Sang Jobin
suwawi pukulun.
2. Utusana dhateng Parangakik
jeng paduka katong
Raja Perid pan wonten putrane
jalu maksih anom tur sinekti
wirutameng jurit
nama Raden Kanjun.
3. Aparinga tupiksa tiwasing
bapa neng palugon
pan kaesi-esi duk patine
mring wong Arab pan pinindha paksi
tau den rampasi
kalih andalujur.
4. Dadya pangewan-ewaning jurit
apan boten linyok
Tuwan ngidinana ing adege
narapati nagri Parangakik
83