25. Wus tatambekannya Maryunani
kesah marang patirtan tetoya
tan antara ing praptane
Sang Atmajayengsunu
jaga-jaga awira-wiri
Raja Dewi lingira
raden dene dangu
nauri Sang Wiraputra
mangke bibi dereng sampun wangeneki
gen kula jaga-jaga.
26. Raja Dewi sigra amarani
sarwi bekta jenewer pamungkas
pan sampun linarihake
winantuk kaping pitu
raden sayah anulya guling
Sang retna prabu Kala
Johar maksih tunggu
munggeng ngiringane kanan
ngunandika wong iki memanas ati
tan nurut karsaningwang.
27. Angur aja uman pisan iki
ingsun kalawan si Aluljahar
sang dyah nekani runtike
sru tan pinadhan kayun
Raja Dewi metak ing kapti
angur sun lenyepena
Maryunani iki
iya saking ngalam donga
Nata Dewi narik jambiyanira glis
kalumpengen tyasira.
28. Vinamakken ing jangganireki
Maryunani pagas kapisanan
Sang retna sru kaduwunge
nulya njrit alok pandung
ubek katri sajroning puri
kang munggeng siti bentar
195