Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/196

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

nanging sang narpasunu
datan obah binosah-basih
mung bibi ambeking tyas
tan kenjik winadung
pambekane prabu kenya
duk samana nuju ing dina sawiji
risang atmajayeng prang.

22. Sireping cethi raden aguling
Raja Dewi prapta wus busana
nutug denira pepaes
miyat Sang Jayengsunu
langkung eca denira guling
Raja Dewi tumingal
tansah ronteng kalbu
dharesel tumut anendra
angapithing marang Raden Maryunani
pineluk ingkang jangga.

23. Duk samana Radyan Maryunani
langkung kagyat wungu dennya nendra
tabtaban maras galihe
wit tan nyana sawastu
lamun ingkang bibi nekani
drenging driya asmara
wus tan keneng luput
kewran tyas Sang Rajaputra
Maryunani pangucape ngasih-asih
bibi kawula arsa.

24. Atetoya ing sakedhik bibi
mangke yen wus sumangga ing karsa
angladosi sarirane
nanging Sang Wirengsunu
ing batine ngapus-apusi
sang Raja Dewi eca
sinemayan wau
tan wruh ujar kamandaka
dadya kendho uwal panyikepira ris
lenggah amenggah-menggah.

194