7. Ginoco ing asta kanan kering
sareng kalenger gumuling kadya
palastreng siti kalihe
dangu tanana emut
dupi emut sami anglilir
Jumajeng gurawalan
prapteng ramanipun
katur ing sasolahira
stu gumujeng wong anom tiwasireki
kurange budinira.
8. Lamun sira lusa saking ririh
kaya nora luput suta Ambyah
pasthi yen bisa ketalen
yen sun cekela iku
kapirare dadi wakmami
besuk bae yen prapta
iya ramanipun
iku sun ajake aprang
yen ngubengi anake laku tan yukti
sun tangguh padha tuwa.
9. Wus mangkana Sarsaban Pirkari
langkung dennya rentenge tyasira
ing tingkahe pulunane
kuneng malih winuwus
retna patih lampahnya prapti
ing Kaswiri nagara
kang abaris tugur
geger miranti prayitna
praptanira gegaman saking ing wuri
pitung atus turangga.
10. Wus apanggih lan nateng Kohkarib
miwah Tamtanus Retna Kasidah
nembungaken timbalane
Sang Wiranarpa sunu
Maryunani aneng Pirkari
sapalih ingandikan
190