sindura lan natar ngratoni
ring wong mangayu baya
mangembang tumembung
mangrampung tambahing driya
mawurahan mangres yayah ing wiyadi
wiyoga nuragengrat.
4. Lagya eca imbal wacaneki
Raja Dewi lan Sang Wiraputra
kasaru wau praptane
raden kalih jumujug
kagyat narpa Sang Raja Dewi
yayi karo na paran
asigra lakumu
Raden Danayah turira
heh kakangbok kula kinen amejahi
dhateng Sang Wiraputra.
5. Dosanipun nguthuh ngrerusuhi
Nata Dewi sru wacananira
mangkono paman karsane
pan iku saking ingsun
dudu saking Sang Maryunani
benere patenana
iya awakingsun
Maryunani mesem mojar
mangke Bibi paduka kendel rumiyin
dimen nutugken karsa.
6. Raden kalih sigra marepeki
nganan ngering samya nyandhak asta
anyendhal sareng sedyane
tan osik dennya lungguh
wanti-wanti denira narik
sasat anarik arga
datan mantra keguh
anyikep datan kawawa
kinipatken malesat wus den tututi
ginoco kalihira.
189