Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/188

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

33. Winewer wesi kalawan rukmi
sinasotya abyor
datan ana nangga gegitike
duk samana Sarsaban Pirkari
miyarsa pawarti
yen pulunanipun.

34. Gumyaking warta wus awor resmi
lawan retna katong
Maryunani wor pasareyane
tan wruh ing yekti yen durung keni
Sarsaban nimbali
kalih putranipun.

35. Raden Danayah kang sepuh prapti
Danamah kang anom
kalih munggeng ngarsane ramane
prawira Sarsaban angling aris
lah cekelen aglis
satriya bek rusuh.

36. Iku polahe si Maryunani
nguthuh si bebethoh
sakawenang-wenang tenagane
bosen anak bibi den ramuhi
tanana kinering
ambeke kumlungkung.

37. Patenane ya den angemasi
manawa tetakon
bapakane krodhaa ing tembe
ingsun ingkang anglawani jurit
pan nora dosani
mateni wong nguthuh.

186