Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/187

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

siyang pantaratri
reh padudon kayun.

28. Retna Prabu angungkih tan polih
dennya mrih prang popor
Maryunani apengkuh barise
ripu ringkih jumangkah ngakahi
sinreg datan kongkih
Maryunani pengkuh.

29. Saben dalu Sang Retna dennya mrih
nanging tan antuk don
yen raina samya tata sareh
yata wonten kawuwusa malih
jro kitha Pirkari
wonten isinipun.

30. Prajurit luwih angleluwihi
sumbageng palugon
wus Kasebut ing jajahan gedhe
pira-pira pra ratu kajodhi
namaning prajurit
Sarsaban pinunjul.

31. Prenah paman mring Sang Raja Dewi
miwah rajeng Kaos
ratu Jobin samya pulunane
mila Kaos keringan ing bumi
sinembah para ji
saking pamanipun.

32. Jembaraken jajahan para ji
digdayane katog
patang atus tahun ing umure
gadanipun ageng kaya galih
ing asem kinardi
gotong kalih atus.

185