Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/186

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

22. Kula tantun wong atuwa dhingin
tebih negri Kaos
ingkang wonten ing Kaswiri bae
ingkang sampun celak saking ngriki
paduka aturi
pun Paman Tamtanus.

23. Lawan inggih Sang Nateng Kohkarib
badhe kula taros
yen wus rembag gampil masalahe
pan kawula dremi anglampahi
sayekti mrih idin
jurunge wong sepuh.

24. Sami dika aturi mariki
lan wadya saparo
kang saparo tenggaa barise
Yayi rajaputra ing Serandil
kang angreha baris
ing sapungkuripun.

25. Maksih tugur angepung Kaswiri
sigra Retna Katong
patihira ingutus lampahe
mring Kaswiri tinuduh ngaturi
Sang Rajeng Kohkarib
lan Prabu Tamtanus.

26. Retna Kasidah ngundhangi dasih
ambekta kaprabon
nanging wadya kang wahana bae
satus turangga prajurit estri
pitung atus malih
kuda wadya kakung.

27. Kuneng kang budhal marang Kaswiri
wau sang lir sinom
pitung dalu cinatur lamine
praptanira Raden Maryunani

184