Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/180

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

29. Sarbat kilang maya reka
munggeng layan maningkem manik wilis
Maryunani sukeng kalbu
sayah amanggih arja
tan reringa mung cipta mratuwanipun
dening bibine kang garwa
mila tyas tan walangati.

30. Raja Dewi lot tetanya
paran ingkang tinilar neng nagari
punapa sami rahayu
inggih rayi paduka
miwah dene putri dika kaki prabu
gih Ki Sayid Ibnu Ngumar
punapa sami basuki.

31. Lan paran wartaning aprang
rama dika pun kakang Prabu Jobin
wonten ing pundi genipun
lawan rama paduka
Bagendha Mir punapa ta sampun rawuh
kang mangun rengganing kitha
Kuparman dene alami.

32. Ing wingking wonten prawira
wira putra Maryunani nauri
inggih lami rawuhipun
dene enggening mengsah
Panembahan Jobin pan angungsi sampun
lawan Sang Bathara Hirman
angungsi dhateng Kaswiri.

33. Milane kawula prapta
inggih bibi ngungsi dhateng Kaswiri
kalih dasa para ratu
lan bala pitung yuta
kemput kitha Kswiri kawula kepung
marikinipun kasasar
ambujeng kuldi duk wingi.

178