Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/179

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

24. Retna Prabu areweyan
keketege awor karinget mijil
wus prapteng kadhatonipun
tedhak saking jempana
lunggyeng made kencana lelemek babut
sinembrameng pamucangan
wira putra Maryunani.

25. Raja Dewi Kalajohar
asasmita pepundhutan gya mijil
Retna Patih munggeng ngayun
ngladosaken panjang mas
ataretes nawa retna angenguwung
Retna Prabu Kalajohar
sumrikut solahireki.

26. Araga-raga parekan
wusnya tata lajeng denira bukti
eca panadhahireku
Sang wiratama putra
dennya tata tanana rasaning kalbu
Raja Dewi datan eca
denira geng nahen wingit.

27. Birahi mring rajaputra
miwah sagung parekan para cethi
saput pandulunya ngungun
dennya dereng tumingal
baya iki panukmane Nabi Yusup
punjul manungsa sajagad
tana mirib Maryunani.

28. Wus nutug denira nadhah
linorodan ambeng inuman prapti
anggur merah anggur biru
kenid barduwin adas
lajeng samya nutug denira anginum
gelas salaka sinotyan
her surya miwah her thathit.

177