Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/178

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

19. Retna Patih matur nembah
inggih gusti nagari ing Pirkari
dene kang umadeg prabu
prenah ibu paduka
Prabu Dewi Kalajohar namanipun
kang bibi rayi paduka
sundhulane Prabu Jobin.

20. Raden tedhak sarwi mojar
apa ikikuthane kangjeng bibi
ingsun sapisan wus pangguh
aneng Kaos nagara
dyan lumampah kerid Retna Patih sampun
prapta ngarsa kori kitha
agupuh Sang Raja Dewi.

21. Methuk marang rajaputra
sareng tundhuk mendhak Sang Maryunani
apan arsa awot santun
cinandhak astanira
dhuh wong Agung babo sampun awot santun
ngilangken murwating jagad
ambengkas sarining bumi.

22. Dyan Maryunani turira
mangka yekti jer paduka pun bibi
wajib nembah marasepuh
Raja Dewi lingira
adhuh boten sarwi narik astanipun
kinanthi pineksa-peksa
dadya nut binekteng puri.

23. Prapta kang methuk jempana
wus anitih wau Sang Raja Dewi
Raden pineksa pan sampun
nanging tyasira lamba
tinampanan ing sihira marang mantu
tan nyana yen darbe karsa
kang bibi anawan krami.