9. Malang megung aneng marga
gya sinander mring Raden Maryunani
pinati pangerapipun
kuldi milar mring arga
tinutatan kudanya angrangkul gunung
prapteng puncak lampahira
kuldi ilang tan kaeksi.
10. Raden langkung ngungun ing tyas
icalipun kuldi neng luhur wukir
saking ing kuda tumurun
gunung iring jinajah
Maryunani sami nuntun kudanipun
mulat ana pager kutha..
anggandheng tirise asri.
11. Lor kulon saking ing arga
Raden ngunandika iki prajadi
pantes ana ratunipun
milu ing endi baya
lamun milu Kaswiri banjur sun gepak
emane ingsun kapisah
iya lan punggawa mami.
12. Ewa mangkana sun arsa
wruh arane kang madeg prabu iki
Rahaden sigra tumurun
marang wukir kang rata
prapteng ngandhap anitihi kudanipun
pan arsa mrepeki kitha
kayungyun asrining tiris.
13. Kawarnaa Dewi Raja
wus sakenjing ameng-ameng ing jawi
aneng saluhuring panggung
lan sagunging parekan
datan mawi satunggil punggawa kakung
mung tigang atus watara
munggeng soring panggung sami.
174