4. Rahaden sangsaya duka
sinarempeng nilap manjing wanadri
Raden panandere mangu
sakedhap tan katingal
dangu-dangu katon punang kuldi wulung
sengar-senger lincak-lincak
saksana sinander malih.
5. Mamprung kudanira radyan
kuldi kesit sumripit kadi thathit
yen alon pambujungipun
kuldi tirih lampahnya
yen sinander ambunder panyanderipun
sadangunira mangkana
saparanira den ungsir.
6. Raden tanarsa kondura
lamun kuldi datan kacandhak mangkin
saparane kuldi tinut
sinander nilap-nilap
ingandhegan milu mandheg kuldinipun
Raden ageng nepsunira
estu takdiring Hyang Widdhi.
7. Dungkap sasore denira
ambeburu kuldi pan dereng keni
malah diwangkara surup
kuldi wus tan katingal
sipeng wana Raden bujung kidang sampun
antuk satunggil binakar
dhinahar lan kudaneki.
8. Jinuju daginging kidang
tanpa sare sadalu merem melik
munggeng soring mandera gung
enjing anitih kuda
nedya wangsul marang gene wadyanipun
awatara saonjotan
kuldi wingi katon malih.
Kaca:Menak Kanin.pdf/175
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi