Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/173

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

wong kathah den parani
geger dening kuldi wulung
samya gumuyu suka
sato reh ngayar-anyari
saenggene kang kuldi ngamuk manengah.

44. Ginitik milar tan kena
kebat lumpatira sarwi
angerah nujah amengkal
nolih sarwi kirig-kirig
mele-mele mucicil
nguler kilan jambul-jambul
binujung tan kacandhak
wangsul mubeng nengah malih
kang anggusah pra samya gumuyu latah.

45. Dangu-dangu keh kacurnan
tinujah ing kuldi langking
tuwin pinengkal kinerah
dadya katur ing para ji
dudu wadine nenggih
tingkahe kang kuldi wulung
katur ing senapatya
Raden Arya Maryunani
mundhut kuda kaprabon yuda kenaka.

171