Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/171

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

iku padha wong tuwa
Sepanyol lan raja Inggris
lan ing Prasman wis iku bae prayoga.

36. Sampun samya ingundhangan
samekta sagung prajurit
enjangira nulya budhal
anglurug marang Kaswiri
gaman lir prawatagni
putra Serandil panganjur
taruna widigdaya
sira Rahaden Pirngadi
aprakosa wus ambanda ripu raja.

37. Wus ingeston gunanira
marang Sang Surayengbumi
pepintoning kaprawiran
lan kang raka Banarungsid
angluwihi kang rayi
Pirngadi prawiranipun
mila ngambil atmaja
dening Sang Surayengbumi
titi tatag tinempuhaken ing karya.

38. Ing marga tan winuwusa
wus prapteng Nagri Kaswiri
geger oter sanagara
miyarsa baris nututi
Rajaputra Pirngadi
kang mangka manggaleng pupuh
senapatining lampah
raja putra Maryunani
abusekan pra samya menedi kutha.

39. Angrangkepi kapurancang
anjerokken laren sami
praptane gegaman Ngarab
angepung kitha ngubengi
jejel kitha Kaswiri

169