Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/170

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

marang Nagari Medayin
sigra matur Sang Dipati Tasikwaja.

32. Kawula miyarsa warta
wonten Nagari Kaswiri
Raja Sanjahur punika.
kang den ungsi angukuhi
gya Raden Maryunani
mring kang rama nembah matur
yen suwawi ing karsa
kawula nunten nututi
angandika yen mangkono karsanira.

33. Sapa ta kang sira gawa
miliha para narpati
liya pamanira Yunan
mangsa pisaha sireki
matur Umaryunani
amba mung nuwun rong puluh
liya pun paman Yunan
ing Kobar lan Umarmadi
lan pun paman Sang Nateng Rum kalih pisan.

34. Lan abdi tuwan ing Buldan
Andanbilis Anjan bilis
kadang kasapta sadaya
lan putra tuwan pun adhi
rajaputra Serandil
Pirngadi kawula suwun
Lamdahur nambung sabda
angger sampun pindho kardi
rayi tuwan mangsa pisaha lan dika.

35. Heh Pirngadi amiliha
wadyanira kang para ji
si Raja Alam ing Gedhah
Suratistaham Surati
ing Minangkabo nenggih
ya si Diwangkara prabu

168