suka-suka siyang latri
langkung suka tyasira kang wadyabala.
28. Busana saking Ngajerak
kang liya mring putra-putri
binage mring para nata
langkung samya sukaneki
sawusnya mangkaneki
nalika ing pitung dalu
pamit marang kang raka
Ni Dewi Ismayawati
arsa kondur marang Nagari Ngajerak:
29. Miwah wau ingkang putra
Nata Dewi Kuraisin
tur sembah marang kang rama
arsa mantuk nuwun pamit
miwah kang ibu kalih
tuwin marang kadangipun
nulya sang Rajaputra
Sadatsatir nembah amit
tuwin Patih Sanasil amit manembah.
30. Mundur saking jroning pura
sigra napak ing wiyati
wus sirna tan katingalan
sakathahe kang wadya jin.
satus yuta tan keksi
wus awor ing langit biru
ngungun Sang Kakungingrat
tuwin sagunging para ji
alam-alamen tongtonen ing tamunira.
31. Pra samya ngungun tumenga
tan wus ucapen ing sedhih
yata Wong Agung ngandika
ana ngendi ratu Jobin
kalawan yayi aji
Bathara Hirman gonipun
apa ta wus muliha
167