Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/165

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ing putra Prabu Rara
pinandeng Ni Kuraisin
sarwi mesem Kusuma Retna Muninggar.

12. Kengis waja sumarana
kadya tumetesing gendhis
anglengger tyasira mulat
kumenyut sagung cethi jin
kumesar tyas muriring
Retna Ismaya andulu
trenyuh ing nalanira
sakala ngidung parasi
neng ngarsane kang raka Sang Kakungingrat.

13. Mangkana ing kidungira
nangak un putri Medayin
aslalubnipul kujiman
tegese kidungireki
warnane putri iki
ngungkuli sakaliripun
kabeh isining jagad
putrine pra ratuning jin
kaungkulan respati Retna Muninggar.

14. Putrine Raja Nusirwan
aeng temen aneng bumi
dening ta kaliwat-liwat
suwarnane putri iki
sanadyan widadari
anyethiya kabeh patut
sesotyeng jagadraya
yeki musthikaning bumi
langkung resep Kusuma Dewi Ismaya.

15. Sadaya tuk-antukira
kang raja kaputrening jin
katur mring Retna Muninggar
satunggil mring putri Mesir
langkung dennya nor asih
dennya nampeni pisungsung
sarwi mesem sasmita

163