Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/164

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kang tampa kamulyan agung
dene tuwan kawilang
tetulung ing gusti Amir
duk sangsaya aneng ing wukir Jabalkab,.

8. Kya Patih Sanasil mojar
sanak-sanak kang para ji
sadaya kang samya nadar
kabeh ngong tarima ugi
manira angluwari
mring sagunging para ratu
sampun sumelang susah
saderenge sawusneki
insa Allah manira wus anarima.

9 Kagyat Kusuma Ismaya
miyat ing Patih Sanasil
rinubung ing para nata
Wong Agung ngandika aris
mapan Patih Sanasil
kinaulan para ratu
mesem Retna Ismaya
miwah sira Nata Dewi
nulya budhal sadaya marang jro kitha.

10. Sapraptanira ing pura
methuk raja putri kalih
Muninggar Sekar Kadhatyan
langkung dennya ngacarani
tata pra samya linggih
neng padmasana mas murub
taritis nawa retna
jumerut nila widuri
Kuraisin ngabekti ing ibunira.

11. Muninggar Sekar Kedhatyan
ngungun denira ningali
Ismaya marang Muninggar
langkung resepireng galih
marang putri Medayin
nalikanira andulu

162