Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/163

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

mring eyang Sang Murtiningrum
mundur ing sawusira
lajeng ngabekti ing bibi
samya ngungun mulat cethi jin sadaya.

4. Akeh pita ginupita
sagung jin parekan peri
iku para putra Arab
angluwihi putrining jin
pekik-pekik nelahi
amawa cahya sitangsu
sigra Dewi Ismaya
amanci busana adi
tuk antuke saking nagari Ngajerak.

5. Kang putra katiga wayah
pinaring pangadeg sami
busana samya wurwendah
tenunan para putri jin
putra wayah wus tampi
nembah samya sukanipun
kang katur mring kang raka
sanes badhe para rabi
angandika Wong Agung Surayeng jagad.

6. Iya Yayi ngong tarima
kang marang ingsun pribadi
kang marang yayi Muninggar
miwah Yayi putri Mesir
pancenana pribadi.
pan iku utaminipun
mengko yen sira panggya
inggih leres turireki
yata wau sagung para raja-raja.

7. Utusan kang ngrubung samya
marang Patih Asanasil
sadaya pra samya nadar
amrih sukane Kya Patih
bingung Patih Sanasil

161