Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/162

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

XI. Wadya jin dipun suba-suba

Sinom

1. Kabeh marang ibunira
Yayi Dewi Smayawati
padha ngalapa sapangat M
ibunira putrining jin
sutangong Maryunani
sira dhingina kang sepuh
sigra mangsah sumembah
Wong Agung ngandika aris
yeku Yayi kang pembarep sutanira.

2. Ya patutaning supena
Yayi Dewi Putri Mesir
mundur wusnya Umaryunan
ngandika Ismayawati
heh nini Kuraisin
Maryunani kakangamu
payo mas ngabektiya
mangsah Retna Kuraisin
apranata ing raka Rahaden Yunan.

3. Sang Prabu-Kobat Sarehas
mangsah ing ibu ngabekti
lajeng ngabekti ing raka
Nata Dewi Kuraisin
rajeng Kaos ngabekti

160