Kaca iki wis divalidasi
samya murub cahyanira
wau pawonganira
Nata Dewi lan kang ibu
jin peri wonten saleksa.
34. Sadaya eram ningali
sagunging kang para nata
cahya jin pating pancorot
lawan asrining busana
beda lawan manungsa
Wong Agung nimbali sunu
lan wayah wus prapteng ngarsa.
35. Rahaden Umaryunani
lan Prabu Kobat Sarehas
myang raja taruna Kaos
katiga wus prapteng ngarsa
pekik-pekik tur cahya
alon ngandika Wong Agung
heh wong anom ngabektiya.
159