Menyang kontèn

Kaca:Menak Kanin.pdf/160

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wong Agung angandika
heh yayi sanak-sanakmu
mituhu parentahira.

29. Dyan Retna Ismayawati
parentah ing balanira
padha bukaken tutupe
dingding jala ing manungga
aneng soring netra
sakehe kang para ratu
maraa mring para raja.

30. Kang punggawa mring bupati
satriya marang satriya
mantri padha mantri kabeh
sigra samya lumaksana
sagung bala Ngajerak
ngusap talapukanipun
mring sagung bala manungsa.

31. Nulya sagunging narpati
satriya lawan punggawa
miwah mantri sadayane
byar kadi tangi anendra
wadya jin katingalan
sapantha sajuru-juru
para ratu jin sadaya,

32. Satunggal upacara sri
tan pae lawan manungsa
nanging kaot kekuwunge
cahyane pating paluncar
kadya konang sategal
geng alit darbe kekuwung
pan wus karsane Hyang Suksma.

33. Makluk jin badan rokani
cahyane sinungan beda
gedhe cilik lanang wadon

158